Evil Monkey - Family Guy Victor Diablo Blog: Sekar Macapat: MIJIL
RSS

Sekar Macapat: MIJIL

Golek ilmu kudu disranani pancen iku obor.
Ati karep kenceng plilihane
Aja gela tansah ditelateni.         
Eklas dikandani niat budi luhur.

Nggayuh trampil  sregep anekuni
Aja nganti asor.
Ngudi bakat iku pilihane
Ora wegah tansah ditresnani
Syukur ing ngarsa Gusti
Urip kanthi jujur.

Jujur iku kudu dingerteni
Aja seneng ngawur
Tandangana sing bener  ujute
Tansah tata kabeh diayahi
Tulus  ngleksanani
Murih bisa makmur.



                                                                                                                                     Karangan  : MTH. Munarti.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar