Evil Monkey - Family Guy Victor Diablo Blog: Kojur
RSS

Kojur

Wayah  esuk jagone padha kluruk,srengengene abang mranang katon saka pungkruk.
Tangi gregah thenguk-thenguk,isih ngantok-ngantuk lawang dibuka karo lingak-linguk.
Biyung tani marani karo nggawa wedang bubuk,ora lali ngulungake gethuk  sapincuk
Kanggo sarapan esuk,wedang disruput keselak watuk-watuk.

Mangkat menyang sawah ngawa pacule,tekan sawah njabuti sukete mateni  ulere,njupuki
Keonge kanggo lawuh mangan sore.
Sawah subur tandurane nyenengake Lombok,terong ditandur ing galengane.
Sedelok maneh bisa ngundhuh  asile,bola-bali dietung batine,mesam-mesem kaya ora sabaene.

Mendhung peteng angendhanu udan deres dalane lunyu,ora terang-terang nganti seminggu –
Hawane adhem njekut, turune njingkrung awake kaku.
Swara kenthongan bola-bali keprungu rasa sumelang ing jero atiku krungu tulung-tulung warga
Desaku.
Kojur –kujur awakku.




                                                                                                     Karangan   : MTH.Munarti.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar