Nalika bangsa indonesia di jajah walonda
Para warga neng ndeso tansah nelangsa
Sadina dina nandang rekasa
Sandang,baga kang kateda barang ora misra
Tanah kang amung sepala
Ilang kanggo keperluanne walonda
Kayata kanggo dalan,benteng lan loji
Rasa getun emang ora ilang ilang
Wusana muring kang ora kena dipenggak di alang alangi
Jaja bang mawinga winga
Pahlawan Diponegoro ora lila
Menawa tanah utah getihe didarbeni bangsa liya
Panjenengane nekat nglawan
Disambut kanthi tekad kang gede
Pangeran Diponegoro nganakake perang kanthi bantuan rakyat
Perang sarana siasat maneka wasna kanggo mrastho angkara murka
Bisa kagayo utawa orane amung Gusti kan minangkani
by Victor's Grandmother
0 komentar:
Posting Komentar